"NUJUMAN" budaya jowo ingkang adi luhung

Salah sijine kebiasaane wong jowo yaiku niteni dino(hari). Kebiasaan niteni dino dipun arani Ilmu NUJUMAN.
Contone biasane wong jowo nyambunghake dino kelahiran karo wataking manungsa. Sing diarani dino weton. Conto liyane menawa ameh kagungan gawe wong jowo biasane milih milih dino kang apik.

Ing jaman modern saiki ilmu NUJUMAN wis jarang ingkang ngagem.
Kajobo bener lan salahipun panemu saking ilmu punika, kita patut nglestarikhaken amargi Nujuman punika salah setunggiling paninggalan leluhur.

Asma kinaryo jopo

"Asma kinaryo jopo"

Kulo kinten punika paribasan jowo ingkang hanggadahi maksut jero sanget.

Dening kabeh manungsa wonten ing jagad punika kagungan jeneng utawi asma piyambak piyambak. Lan sedaya asma kaliyan jeneng punika dipun paringaken dateng kita kaliyan tiyang sepuh kita hanggadahi maksut utawi wrdi kiyambak kiyambak.

Amargi sebab punika blog kula ingkang mawi boso inggris kulo paringi judul mova nugraha ardi catholic blogger. maksut kulo nggih supados samangke asma kulo dados merk kulo lan jopo kagem panglaris blog kulo

budaya lan tradisi Indonesia sakpunika dipun patenaken kaliyan bangsa manca

Kala wingi kulo maos blogipun mas Teky Widjaja ingkang nyerat babagan budayanipun Indonesia ingkang dipun akeni lan dipun patenaken kaliyan bongso manca.

Maos babagan punika sedaya Bangsa Indonesia mestinipun inggih mboten seneng lan dadosaken duko.

Hananging kathah bangsa kito ingkang mboten hamengertos babagan punika. Taksih kathah bangso kita ingkang mboten mangertos menawi karyanipun saged dipun patenaken.

Sanajan kados mekaten taksih wonten tiyang ingkang sugih amargi sadean barang kuno kadosto keris lan sakpiturutipun.

Kulo kinten pemerintah lan pemimpin nagari kedahipun luwih hanggatekaken babagan punika. Paling mboten hamaringi pengertian dateng rakyat cilik menawi barang utawi karya cipta lan karya budaya punika saged dipun patenaken lan dados kekayaan Intelektual.


Seratan blog punika inggih kula serat mawi boso inggris wonten ing Indonesian tradition and culture robbing I mova nugraha Indonesia catholic blogger

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta sip tenan

Kartu PKMS Pemeliharaan Kesehatan Masyarakat Surakarta.

Kartu PKMS punika kertu kagem angsal pelayanan kesehatan “gratis” soko pemerintah kotamadya Surakarta.
Kulo seneng tenan kaliyan pelayanan PKMS punika.
Kalih Minggu kepengker anak kulo panas kaliyan watuk pilek kulo priksahaken wonten Rumah Sakit Pemerintah Daerah Surakarta. Terus dipun paringi obat, ing antawis kalih dinten anak kulo mantun. Kalawingi estri kulo nggih kulo priksahaken ngagem PKMS puniko. Sedaya pelayanan punika “gratis”. Obat kalih dokteripun gratis mboten mbayar.

Damel kertu PKMS punika nggih mboten angel namung cepak photo kaliyan KTP utawi Kk dipun asta dateng Balai Kota ditunggu ½ jam sampun dados.

Nggih wonten pelayanan dokter spesialis sedaya gratis tis…

Menawi panjenengan warga solo mboten sah isin isin ngagem kemawon fasilitas punika gratis..tis..

My Blog List

SPONSORED LISTINGS


please give your donation

Twitter Updates

Related Websites